Menika Cerita Kula, Pundi Cerrita Panjenengan?




Ngepit
Dening: Hamida Nuriyasinta
Wektu wis nunjuk pukul lima esuk, aku langsung grigah tangi. Tangi banjur raup lan siap-siap. Ora let sue aku krungu ana sing ngundang jenengku. Aku banjur metu, jebul sing ngundang mau Arum.
“Oalah... kowe to rum. Ana apa rum?”
“Gek ayo mangkat”
“Lha Putri kepriye, opo arep ditinggal?”
“Yo ditinggal wae ora apa-apa” Jawabe Arum karo guyon
Aku banjur mlayu jupuk pit. Aku lan Arum mangkat karo mlaku alon-alon. Pas arep nyabrang, saka wetan uwis ketara wong numpak pit.
“Kae Putri dudu rum?”
“Ho’o”
“Ning nek Putri kok ora nganggo sepatu?”. Dumadakan Putri wis ning sandhingku karo njaluk ngapura.
“Gene kowe ora nganggo sepatu put?” Arum takon karo ngguyu.
“Lha aku mau kesusu. Aku tak mulih dhisik ya, nganggo sepatu”
“Ora nganggo sepatu ki ora apa-apa ya put”
Putri tetep mulih. Aku karo Arum dhisik, tekan telaga putri tetep durung ketara. Aku karo Arum ngenteni putri ning kana. Kurang luwih wis telung menit aku ngenteni Putri, nanging Putri durung ketara. Ora let suwe Putri njedhul.
“Ayo teruske sing ngepit” Ajakku
“Ya gek ayo, wis jam enem kurang sepuluh.Mengko awake dhewe ditinggal Dewi”
Aku,Arum, Putri banjur ngepit. Ning dalan padha crita-crita. Ora krasa terangane wis tekan Siyono, Arum ngematke jam tangane.
“Saiki wis jam 6, gene Dewi, Yasinta, Vivi, Bela kok durung ketara”
“Paling wis ditinggal koyo mbien rum” Jawabku
Aku lan cah loro mau ngenteni ngasi 5 menit.
“Wis jam enem luwih lima kok tetep durung katara?”
“Paling wis padha disik rum. Soale saiki wis jam enem luwih”
“Ayo ditinggal wae” Ajakke Putri
“Mengko nek awake dhewe ninggal, Dewi, Yasinta, Vivi, Bela padha nesu”
Akhire di enteni ning ngarep omahe Yasinta. Di enteni sue nanging ora ketara-ketara. Aku, Arum lan Putri banjur puter balik. Putri takon “Arep ning ngendi iki rum?”
“Ning pemda”
“Lha arep lewat ngendi?”
“Lewat Piyaman wae.”
Arum jejer karo Putri, aku dhewe ning mburi.
“ Rum aku jejer kowe ya” Aku bengok-bengok ning dalan.
“Ya, gek mrenea” Jawabe Arum
Saiki aku jejer karo Arum, gantian Putri sing dhewe ning mburi. Ora let suwe ana motor saka mburi, aku di bel. “Tin...tin...tiiin”. Aku wedi banjur pilih dhewe ning mburi. Tekan dalan sepi Arum lan Putri lepas tangan. Aku meri amarga aku ora isa lepas tangan.
“Alah..aku ora isa lepas tangan dhewe”
“Hahaha, kapok mid” Arum lan Putri padha ngelokke aku.
Jarakku karo Arum lan Putri adoh banget. Wong loro mau ngenteni aku.
“Rum aku jejer kowe meneh ya”
“Ya”
            Tekan prapatan aku lan Arum arep menggok tengen, aku ngematke mburi ora ana kendharaan. Aku banjur menggok, tekan tengah-tengah aku dikandani Putri “Awas mid ana mobil”. Aku langsung bali meneh amarga jarakke isih adoh.
“Untung aku slamet”
“Nek ngepit ati-ati mid” Welinge Arum
“Aku mau wis ati-ati kok rum”
“Hahaha, Hamida ki ngawur” Tambahe Putri. Aku mesem lan ngomong “Aku wis ora arep ngepit jejer meneh, wis wedi aku”
“Ya uwis aku tak jejer karo putri wae”
Aku lan kanca-kanca lanjutake ngepit tekan pemda, ning Jalan Baru aku ketemu Yasinta, Dewi, Bela, Vivi. Aku kaget, terangane Aku, Arum, Putri ditinggal
dhewekke. Aku, Putri, lan Arum banjur bablas ning Taman Kota. Tekan Taman Kota Arum ngomong “ Ayo sarapan”.
“Arep sarapan ning ngendi?”
“Tuku bubur ayam wae, nng ngarep pasar”
“Lha Hamida takoni disik”. Arum tterus takon aku “Mid koewe gelem bubur ayam ora?”
“Gelem”
“Ayo tuku bubur ayam ning ngarep pasar”
“Ya, aku ya durung sarapan soale”
Aku, Arum lan Putri wis tekan warung, aku banjur pesen lan maem. Sawise maem aku, Putri, Arum leren sedilitt. Sawise leren aku, Putri, lan Arum lanjutake pit-pitan ning Jonge. Aku ning Jonge mung sedhelo amarga uwis awan. Kurang luwih aku ning Jonge mung 5 menit, banjur bali. Nanging perjalanan isih adoh, aku, Arum, lan Putri tetep semangat.


Komentar

Postingan Populer